Salamat datang

Selamat datang di Blog --Coretan Suryo -- Desa Sambongbangi *Kecamatan Kradenan *Kabupaten Grobogan *Jawa Tengah *Indonesia

BERANDA

Blog ini dimaksudkan untuk dapat menjadi sarana silaturahmi bagi warga desa Sambongbangi kecamatan Kradenan, sehingga kami mohon bagi anda yang berkunjung di blog ini untuk dapat meninggalkan komentar disini. blog ini diharapkan juga mampu memberikan sedikit sumbangsih kepada pemerintah desa Sambongbangi kecamatan Kradenan untuk dapat lebih memperkenalkan bermacam potensi, berbagai peluang dan aneka ide yang mungkin bisa didapatkan di desa Sambongbangi kecamatan Kradenan.blog ini di fokuskan berisi tentang segala sesuatu yang ada, dengan artikel tentang Kab.Grobogan dan komputer sebagai pelengkap dan pemanis blog ini.Sambongbangi terdiri dari dataran rendah dengan ketinggian rata-rata 70 meter di atas permukaan laut.Perbatasan desa sambongbangi:Di sebelah barat berbatasan dengan Desa Banjardowo dan berdiri bangunan SMPN 3 kradenan yang tepatnya berada di dusun Belungkulon, Di sebelah utara berbatasan dengan desa sengonwetan dan membentang sungai Kedong Macan sepanjang ±35 km, yang menjadi tempat sumber kehidupan . Di sebelah selatan dan timur berbatasan dengan Dukuh Banjarbanggi & Dukuh Cangkring,Secara geologis, seluruh dataran terdiri dari endapan pleistocene yang terdapat pada ±50 m di bawah permukaan tanah. Bagian selatan terdiri atas lapisan alluvial, sedang dataran rendah pantai merentang ke bagian pedalaman sekitar 10 km. Di bawahnya terdapat lapisan endapan yang lebih tua yang tidak tampak pada permukaan tanah karena tertimbun seluruhnya oleh endapan alluvium. Di wilayah bagian utara baru terdapat pada kedalaman 10-25 m, makin ke selatan permukaan keras semakin dangkal 8-15 m. Pada bagian tertentu juga terdapat lapisan permukaan tanah yang keras dengan kedalaman 40 m. Keadaan Desa Sambongbangi umumnya beriklim panas dengan suhu udara maksimum berkisar 32,7 °C - 34,°C pada siang hari, dan suhu udara minimum berkisar 23,8 °C -25,4 °C pada malam hari. Rata-rata curah hujan sepanjang tahun 237,96 mm, selama periode 2002-2006 curah hujan terendah sebesar 122,0 mm terjadi pada tahun 2002 dan tertinggi sebesar 267,4 mm terjadi pada tahun 2005, dengan tingkat kelembaban udara mencapai 73,0 - 78,0 persen dan kecepatan angin rata-rata mencapai 2,2 m/detik - 2,5 m/detik

Entri

Jumat, 31 Agustus 2012

KESENIAN JOWO


MELESTARIKANKESENIAN JAWA
Blog ini untuk ikut serta dalam melestarikan kesenian jawa, khususnya wayang kulit dan gending jawa.
Agar dapat memberikan informasi dan memperbanyak pengetahuan kesenian jawa.
Bagi Pencinta seni budaya jawa khususnya wayang kulit dan gending jawa, dapat mengunduh (download) di halaman musik dan video.







Tayub Purwodadi Grobogan















Tayub Grobogan




Sabtu, 25 Agustus 2012

PROSESI PERNIKAHAN ADAT JAWA


Indonesia yang kaya akan berbagai ragam budaya, adat istiadat dan tradisi yang dimiliki merupakan karya budaya pendahulu kita. Kebanyakan orang hanya mengenal prosesi pernikahan yaitu siraman dan midodareni, padahal ada beberapa rangkaian prosesi lain yang tak kalah pentingnya, walaupun terkesan ribet dan njelimet. Namun tidak ada salahnya untuk mengenal lebih jauh dari pada prosesi pernikahan adat jawa.
Prosesi pernikahan adat jawa dimulai dengan acara siraman, yang dilakukan sebagai proses pembersihan jiwa dan raga yang dilakukan sehari-hari sebelum ijab kobul.
Ada 7 (tujuh) pitulungan (penolong) yang melakukan proses siraman, artinya merupakan campuran dari kembang setaman atau yang disebut Banyu Purwitosari yang diambilkan dari 7 sumber mata air (sumur). Dimulai dari siraman oleh orang tua calon mempelai, kemudian siraman oleh pemaes (penghias) yang dilanjutkan dengan memecahkan kendi. Menginjak malam acara dilanjutkan dengan midodareni, yaitu malam kedua mempelai melepas masa lajang. Dalam acara yang dilakukan dirumah kediaman perempuan ini diadakan acara nyantrik untuk memastikan pengantin laki-laki akan hadir pada ijab kobul dan kepastian bahwa keluarga mempelai perempuan siap melaksanakan perkawinan dan upacara panggih.
Upacara Panggih
Selesai acara akad nikah dilakukan upacara Panggih, dimana kembang mayang dibawa keluar rumah dan diletakkan dipenyimpanan dekat rumah yang tujuannya untuk mengusir roh jahat. Setelah itu pengantin perempuan yang bertemua dengan pengantin laki-laki akan melanjutkan upacara dengan melakukan rangkaian kegiatan :
1. Balangan Suruh, yaitu melempar daun sirih yang melambangkan cinta kasih akan kestiaannya berdua.
2. Wiji Dadi, mempelai laki-laki menginjak telor ayam hingga pecah, kemudian mempelai perempuan membasahi kaki sang suami dengan air bunga. Proses seperti ini melambangkan seorang suami dan ayah yang bertanggung jawab terhadap keluarganya.
3. Pupuk, Ibu mempelai perempuan mengusap mempelai mantu laki-laki sebagai pertanda ikhlas menerimanya sebagai bagian dari keluarganya.
4. Sinduran, artinya disini berjalan perlahan-lahan dengan menyampirkan kain sindur sebagai tanda bahwa kedua mempelai sudah diterima sebagai keluarganya.
5. Timbang, kedua mempelai di pangkuan bapak mempelai perempuan sebagai tanda kasih sayang orang tua terhadap anak dan menantu sama besarnya.
6. Kacar-kucur, yang dituangkan ke pangkuan perempuan sebagai simbol pemberian nafkah.
7. Dahar Klimah, saling menyuapi satu sama lain yang melambangkan kedua mempelai akan hidup bersama dalam susah maun senang.
8. Mertui, orang tua mempelai perempuan menjemput orang tua mempelai laki-laki di depan rumah untuk berjalan bersama menuju tempat upacara.
9. Sungkeman, kedua mempelai memohon doa restu dari kedua orang tua.

Saraya Jati :
Nuwun mangke ta Bapa ……………………. (ingkang mengku gati) handadosaken kagyating manah kulo seneng tampi dhawuh timbalan panjenengan anggenipun sakalangkung wanter. Wonten paridamel punapa dene hamiji sowan kula sumangga keparenga paring pangandika dhumateng kawula.
Hamengku gati :
Adhimas Saraya Jati, ing dalu kalenggahan punika kula katangisan anak kula estri pun Rara …………………….. ingkang ing benjing-enjing siyang/dalu badhe nambu silaning akrami, mugi antuka tumuruning Wahyu Jodho. Ingkang puniko, keparenga kawula hangresaya dhumateng panjenengan mugi kersoa angupadi tumuruning Wahyu Jodho ingkang awujud Sekar Mancawarna ugi sinebat Kembar Mayang, kinarya jangkeping panggihing calon pinangantyan kekalih. Dene menawi sampun pikantuk mugi lajeng kersoa hamboyong kaasta tumuju ing wisma pawiwahan.
Saraya Jati :
Nuwun inggih sendika ngestokaken dhawuh. Wonten ing pundi papan dunungipun Sekar Mancawarna utawi Kembar Mayang punika.
Hamengku Gati :
Miturut wasita ingkang kula tampi, papan dunungipun Sekar Manawarna punika wonten ing padhepokan …………………., kabawah wewengkon ……………………..
Saraya Jati :
Nuwun inggih, rehning sampun cetha lan trawaca dhawuh timbalan panjenengan, keparenga kawula nyuwun pamit madal pasilan bidhal dinten punika daya-daya lebda ing karya.
Hamengku Gati :
nDerekaken raharjaning lampah, mugi rahayu boten wonten pringga bayaning marga.
Keterangan : Bidhalipun Sang Saraya Jati saking pawiwahan, binarung ungeling Ketawang Tumadhah, laras pelog pathet nem.
Adegan II : Ing padepokan ………………., Ki Jati Wasesa anengga Kembar Mayang, sinambi maos Sekar Macapat Dandhanggula.

1. Kaki hamung nyai hamung sami
Kang sumulih nebus Kembar Mayang
Yekti minangka pepasrahan
Wiwit ing dinanipun
Kang wus dadi ndara sayekti
Kiwa tengen dinata
Kanan kirinipun
Temanten deniro lenggah
Amimbuhi ngenguwung cahya munari
Temanten sekalian
2. Kembar Mayang werdine wus muni
Kembar pada mayang iku kembang
Yekti dadi kudangane
Supaya atut runtut
Wiwit daup ngantos ing benjing
Rukun amanggih mulya
Ngantos darbe turun
Kakung putrid mung sumangga
Mrih sembada kahangkao naming kalih
Ambangun kulawarga
3. Pambanguning kulawarga yekti
Adoh angger iku perlokno
Pranyata gede gunane
Sandang pangan kecukup
Kawruh bakal mumpuni ngudi
Manggon ora suksukan
Kasarasan tuhu
Rama lan Ibu kang bakal
Gula wentah putra putrine sayekti
Hayu-hayuning bala
Sasampunipun suwuk katungka dhatengipun Sang Saraya Jati, lajeng sami pangandikan
Saraya Jati :
Kawula nuwun Kyai, keparenga kula badhe sowan
Jati Wasesa :
Mangga ……….. mangga kisanak, lajeng pinarak mlebet kemawon, mangga ta keparenga pinarak ing palenggahan ingkan sampun sumadya.
Saraya Jati :
Matur nuwun sanget Kyai, sak derengipun nyuwun pangapunten, dene sowan kula sakadang boten atur cecela langkung rumiyin
Wasesa Jati :
Boten dados punapa kisanak, semanten ugi kula inggih nyuwun pangapunten, mbok menawi anggen kula nampi karawuhan panjenengan sakadang kirang subasita, jalaran inggih naming kados mekaten kawontenanipun. Nuwun mangke ta kisanak, keparenga kula hanila-krami, wingking saking pundi saha sinten asma panjenengan keraya-raya rawuh ing padhepokan ngriki kisanak.
Saraya Jati :
Nuwun inggih Kyai, keparenga kula badhe nepangaken, kula sakadang wingking saking …………………… (nyebtaken panggenanipun ingkang mengku gati), name kula pun Saraya Jati. Dene wigatosipun sowan kula sakadang punika pinangka dados duta saraya saking panjenenganipun Bapa/Ibu …………………………….. (ingkang mengku gati), saperlu hangupadi tumuruning Wahyu Jodho ingkang sampun cinandhi wonten ing Kembar Mayang, pinangka kangge sarat sarana anggenipun badhe kagungan kersa ngemah-emahaken putra putrinipun sarta kangge hanjangkepi ing upacara panggihing sri temanten. Punapa pancen ing ngriki dunungipun Kembar Mayang kala wau Kyai.
Jati Wasesa :
Nuwun inggih, saderengipun kula pratela dhumateng panjenengan ingkang rumiyin kula ugi nepangaken, bilih ingkang kasdu hamestani kula pun Ki Jati Wasesa. Dene padhepokan kula mriki winastan ………………… Pancen leren, inggih ing padhepokan ………………….. ngriki punika cumdhokipun Sekar Mancawarna ingkang sinebat Kembar Mayang. Kayu Klepu Dewandaru, Cengkir Gadhing Kedhitipitu, punapadene Sadak Lawe.
Saraya Jati :
Manggih keleresan Kyai, inggih puniko ingkang dipun kersakaken dening panjenenganipun Bapa ……………….. (ingkang mengku gati). Ingkang punika mugi wontena keparenging penggalih tumunten Kembar Mayang kaparingna dumateng kula. Dene menawi pengaji pinten kerta ajinipun, menawi mawi leliru punapa lelirunipun, waton kula saged hamboyong Kembar Mayang punika Kyai.
Jati Wasesa :
Miturut wawangsoning jagad, boten saged dipun tumbas kanthi punapa kemawon, naming sok sintena ingkang saged anegesi naminipun Kembar Mayang kanthi jangkep saha trep, inggih punika ingkang saged hamboyong wujudipun Kembar Mayang punika.
Saraya Jati :
We lha dalah, lha kok abot sangganipun Kyai, gandeng kula sampun sumanggem dados duta ngrampungi, sanadyan kados pundi kemawon badhe kula leksanani. Nyuwun pangestu Kyai Kembar Mayang, Klepu Dewandharu, Cengkir Gadhing Kendhitpitu, Sadak Lawe. Kembar Mayang tembung Kembar punika tegesipun padha. Tembung Mayang punika tegesipun Nur utawi Cahya, wonten ingkang mestani Kembang Jambe. Kembar Mayang punika mujudaken blegering kakung lan putrid. Kakung lan putri punika satemenipun sami, dene ingkang benten wadhahipun. Dene Nur utawi Cahya kalawau lenggahipun wonten ing rasa jati, ingkang dipun westani Urip utawi gesangipun. Tiyang jejodhohan punika menawi kepingin langgeng kekalihipun kedah saged manunggalaken rasanipun. Inggih manungaling rasa jati punika ingkang saged hambabar katentreman sarta saged hanggelar pakarti luhur. Inggih punika ingkang winastan garwa utawi sigaraning nyawa winastan kembar rasane.
Kayu Klepu, Dewandharu ; Kayu-kayun, klepu-klepeng. Dewa titah ingkang luhur. Daru darajating agesang, dados loro-lorone ngatunggal sampun sagolong gayut darajating agesang.
Cengkir Gadhing Kendhipitu ; Cengkir kencenging piker, gadhing gadhang, kendhi pitu, pangiket ingkang kiat sanget. Dados ringkesipun loro-lorone atunggal samya angiket raos katresnan.
Sadak Lawe; Biyen sanak saiki dadi jodhone
Kyai, gaduk kula naming semanten, dene leres lan lepatipun kawula sumanggaken
Jati Wasesa :
Sang Saraya Jati, sarikma pinara sasra, kula boten nyana bilih panjenengan ingkang saged anegesi kanti trep lan jangkep, mbok menawi inggih sampun dados kodrating jagad, bilih panjenengan ingkang kawawa hamboyong Kambar Mayang punika. Namung kajawi punika wonten sarat sarananipun, Sepisan, pamboyonging Kembar Mayang kaemban jejaka kalih, Kaping kalih, Cengkir gadhing sak pirantosipun kaasta Kenya Dhomas. Kaping tiga, lampahing Kembar Mayang kabiwadha gendhing Ilir-ilir Sumilir. Wondene kang wekasan, murih boten alum pradapa Sekar Mancawarna, supados dipun saranani mawi rengeng-rengeng kekidungan boten ketang satunggal kalih pada.
Saraya Jati :
Nuwun inggih Kyai, badhe kula estokaken sadaya sarat sarananipun, wondene rengeng-rengeng kekidungan sanadyan hamung sapala, sumangga keparenga midhangetaken.
Pangkur :
Yektine kang winurseta,
Kembang Kanthil lambanging ati suci,
Suci murni tresnanipun,
tansah manunggal karsa,
Sri temanten nggennya mangun brayatipun,
tulusa widodo mulya,
linambaran tresna jati.
Kinanthi :
Dhuh Gusti Ywang Maha Agung,
mugi kersa hamberkahi,
mring temanten kekalihnya,
nggennya mangun brayat sami,
bagya mulya kang sinedya,
rahayu ingkang pinanggih.
Kyai, kalih pada punika kewala atur kekidungan kula, mangka jangkeping sarana pamboyonging Sekar Mancawarna. Kiranging sadayanipun, ingkang boten dados renaming penggalih, mugi diagung pangaksamanipun.
Jati Wasasa :
Sang Saraya Jati, saking keprananing manah kula, wekdal punika ugi Kembar Mayang kula pasarahaken, sumangga tumunten kula aturi hanampi.
Saraya Jati :
Kyai, rehning sampun cekap samudayanipun, keparenga kawula nyuwun pamit madal pasilan, lan nyuwun pangestu mugi tansah manggiha bagya mulya salampah kula.
Jati Wasesa :
Sang Saraya Jati, sapengker panjenengan kula pranggal puja sesanti jaya-jaya wijayanti, sirna memala pinayungan sahing Gusti, hayu-hayu rahayu ingkang sami pinanggih.
Gendhing Ilir-ilir Sumilir, Sang Saraya Jati sakadang hamboyong Kembar Mayang
Adegan III : Ingkang Hamengku Gati hanampi rawuhipun Sang Saraya Jati sakadang angasta Kembar Mayang, lajeng sami pangandikan.
Saraya Jati :
Kepareng matur dhumateng Bapa ………………………. (ingkang mengku gati), inggih awit saking berkah saha pangestu panjenengan, kula sampun kelampahan hamboyong wujudipun Kembar Mayang, ingkang punika sumangga kula aturi nampi, mugi sageda kinarya sarana dhaupipun ingkang putra.
Hamengku Jati :
Adhimas Saraya Jati, kula tampi kanthi bingahing manah, lan awit saking sih pitulungan panjenengan, kula sakulawarga naming saged hangaturaken gunging panuwun tanpa upami. Nuwun, matur nuwun.
Penutup : Gendhing Ayak-ayakan, laras slendro pathet manyura, para paraga tangkep asta, lajeng bibaran.
Menawi ngersakaken saged diunduh wonten file PDF :

Para lenggah kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, keparenga sedya temanten sarimbit badhe jengkar saking sasana rinengga, arsa kinirapaken wonten ngarsaning para tamu, tumunten manjing sasana busana, saperlu rucat busana kananredran, santun busana kasatriyan. Tataning kirab sinanggit ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kados-kados sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, menggah kaleksananing sedya kawula sumanggakaken dhumateng para ingkang piniji. Jengkaring Sang Suba Manggala lamun cinandra kawistara piyaking ngarsa tangkep ing wuri ( Gending Ayak-ayakan laras pelog pathet barang), utawi binarung rerepan Sekar Pangkur Gedhong Kuning, laras pelog pathet barang. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana wiwaha tumuju sasana busana binarung ungeling Ketawang Langengita Srinarendra, laras pelog pathet barang.
Rerepan Sekar Pangkur Gedhong Kuning.
  • Singgah singgah kala singgah
  • pansuminggah durga kala sumingkir
  • singa hama singa wulu
  • lan suku sing asirah
  • singa tenggak miwah kala singa buntut
  • padha sira suminggaha
  • muliha ing asal neki
Satelasipun rerepan Pangkur meniko, kalajengaken Ayak-ayakan, laras pelog pathet barang.
Para rawuh saha para lenggah wonten ganda sumerbak arum katiyubing samirana manda, sung sasmita bilih putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun pari purna keparenga sedya humarak sowan malih wonten ngarsa panjenengan sadaya, kaladuking atur winastan kirab kasatriyan, hambok bilih sampun samekta ing gati sawega ing dhiri, kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang paniji, kiraping putra temanten binarung ungeling ketawang Subakastawa, sumngga nun nuwun.
Iringan gending subakastawa saged dipundut : wonten mriki
Kapundhut saking Buku Tuladha Jangkep kagem Para Panata Adicara

Tembang jawa mocopat wonten 11 (sewelas) cacahe, kang gambarake jejering manungsa awit wonten garbane ibu ngantos kapundut ing ngarsane kang Maha Kuwaos, nggih meniko :
Tembang jawa mocopat dapat digolongkankan menjadi 11 tembang, yang menggambarkan jalannya kehidupan manusia sejak didalam kandungan ibunda sampai meninggalnya untuk menghadap Yang Maha Kuasa, yaitu :
1. Maskumambang, gambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibu, sing durung kawruhan lanang apa wadon. Mas tegese durung weruh lanang dan wadon. Kumambang tegese uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Melambangkan embrio yang masih dalam kandungan ibunya, yang belum diketahui laki atau perempuan. Mas, artinya belum diketahui laki atau perempuan, sedangkan Kumambang, artinya hidupnya masih dialam kandungan ibundanya.
2. Mijil, ateges wis lahir jabang bayine wujud lanang apa wadon
Artinya sudah lahir didunia jenis kelamin laki atau perempuan.
3. Kinanthi, saha tembung kanthi utawa tuntun, kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan alam ndonya.
Berasal dari kata kanthi atau menuntun, yang artinya dituntun supaya dapat berjalan didunia ini.
4. Sinom, tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngansu kawruh sak akeh-akehe.
Artinya pemuda/remaja, disini yang terpenting bagi remaja agar bisa menuntut ilmu yang setinggi-tingginya.
5. Asmaradana, tegese rasa tresna, tresna marang liyan (pria lan wanita) kang kabeh mau wis dadi kodrat Illahi.
Artinya mempunyai rasa cinta kasih kepada sesamanya baik itu pria maupun wanita, karena semua itu sudah merupakan kehendak/kodrat Yang Maha Kuasa.
6. Gambuh, saka tembung jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake antarane pria lan wanita sing pada nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Berasal dari kata nyambung/sesuai yang artinya kalau sudah pas selanjutnya dijodohkan antara pria dan wanita yang sudah saling mencintai, dengan harapan dapat menjalin kehidupan yang langgeng.
7. Dandanggula, nggambarake wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon nduwe sisihan/keluarga, duwe omah, urip cukup kanggo sakkeluargane. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine bisa diarani lagu dandanggula.
Menggambarkan seseorang yang berbahagia, apa yang dicita-citakan dapat terlaksana. Terlaksana mempunyai pasangan, mempunyai rumah, kehidupan yang kecukupan untuk keluarganya. Makanya seseorang yang sedang menemukan kebahagiaan dapat dikarakankan ibaratn lagunya dandanggula.
8. Durma, saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumongso kacukupan uripe banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepingin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disekunyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
Berasal dari kata pemberi. Seseorang yang merasa kecukupan hidupnya kemudian tergugah rasa kasihan kepada sanak saudara yang sedang menderita, makanya tergugah ingin membantu dan memberi pertolongan kepada siapa saja. Semua itu diberikan pertolongan sesuai ajaran agama dan rasa sosialnya kepada sesama.
9. Pangkur, saka tembung mungkur kang ateges, nyingkiri hawa nepsu angkara murka, kang dipikir tansah kepingin weweh sapadha-padha.
Berasal dari kata meninggalkan yang artinya menghindari hawa nafsu yang angkara murka, semua yang dipikirkan senantiasa berkeinginan membantu kepada sesamanya.
10. Megatruh, saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wncine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuasa.
Berasal dari kata lepas rohnya atau mati, karena sudah saatnya dipanggil menghadap kepada Yang Maha Kuasa.
11. Pucung, yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.
Kalau sudah menjadi bangkai kemudian dibungkus dengan kain putih atau dipocong sebelum dikebumikan.
Makna dan arti dari pada setiap syair dan lirik tembang jawa itu pada dasarnya mempunyai pengertian dan kandungan yang sangat mendalam. Kalau kita kaji secara mendalam mengandung ajaran ataupun falsafah bagi kehidupan kita semua. Coba kita simak tembang dandanggula ini :
  • sakehing kan dumadi makardi
  • lir Hyang Widhi kan tansah makarya
  • nguribi jagad tan leren
  • surya, candra lan bayu, bhumi, tirta kalawan agni
  • peparing panguripan
  • mring pamrih wus mungkur
  • anane nuhoni dharma
  • iku dadya sastra cetha tanpa tulis
  • nulat lakuning alam
Artinya kurang lebih :
  • semua yang ada ini berkerja
  • bahkan Tuhan pun bekerja
  • menghidupi dunia ini tanpa henti
  • matahari, bulan, angin, bumi, air dan api
  • semua bekerja demi kelangsungan hidup tanpa pamrih
  • dasarnya hanyalah merasa wajib
  • alam adalah “ilmu nyata”
  • kita wajib meniru dharmanya
·         Budaya Jawa.
Tags:
panatacara, upacara pernikahan
trackback
·         Wahyaning mangsa kala wus ndungkap paripurnaning adicara jumbuh kaliyan urut reroncening adicara purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanan dening kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala.
·         Minangka pratandha paripurnaning adicara, kasuwun panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………………….., keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit, tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, ingkang saperlu anguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing siyang/dalu puniko sampun paripurna, sinartan sesanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayu ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit sinawang gegleyongan lampahe ( Binarung : Ldr. Gleyong laras pelog pathet nem
·         Budaya Jawa.
Tags:
panatacara, upacara pernikahan
trackback
·         Sampun paripurna pahargyan prasaja ing siyang/dalu punika, lumantar pangendhaliwara sepindhah malih panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………, ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah karawuhan panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, miwah suguh ingkang kirang lawuh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
·         Semanten ugi kula minangka pangendhaliwara, hambok bilih wonten gonyak-ganyuking wicara, cawuh kliruning basa, kisruhing paramasastra, miwah kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tata krama, jenang sela wader kali sesondheran, apuranen menawi lepat atur kawula. Sepindhah malih tahu kecap Purwasari, menawi wonten keladuking patrap lan pangucap nyuwun pangaksami.
·         Matur nuwun, mboten langkung kawula handherekaken sugeng kondur, mugi wilujeng dumugi ing ndalem.
·         Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.


Table of Contents