Indonesia
yang kaya akan berbagai ragam budaya, adat istiadat dan tradisi yang dimiliki
merupakan karya budaya pendahulu kita. Kebanyakan orang hanya mengenal prosesi
pernikahan yaitu siraman dan midodareni, padahal ada beberapa rangkaian prosesi
lain yang tak kalah pentingnya, walaupun terkesan ribet dan njelimet. Namun
tidak ada salahnya untuk mengenal lebih jauh dari pada prosesi pernikahan adat
jawa.
Prosesi
pernikahan adat jawa dimulai dengan acara siraman, yang dilakukan
sebagai proses pembersihan jiwa dan raga yang dilakukan sehari-hari sebelum
ijab kobul.
Ada 7
(tujuh) pitulungan (penolong) yang melakukan proses siraman, artinya merupakan
campuran dari kembang setaman atau yang disebut Banyu Purwitosari yang
diambilkan dari 7 sumber mata air (sumur). Dimulai dari siraman oleh orang tua
calon mempelai, kemudian siraman oleh pemaes (penghias) yang dilanjutkan dengan
memecahkan kendi. Menginjak malam acara dilanjutkan dengan midodareni, yaitu
malam kedua mempelai melepas masa lajang. Dalam acara yang dilakukan dirumah
kediaman perempuan ini diadakan acara nyantrik untuk memastikan pengantin
laki-laki akan hadir pada ijab kobul dan kepastian bahwa keluarga mempelai
perempuan siap melaksanakan perkawinan dan upacara panggih.
Upacara Panggih
Selesai
acara akad nikah dilakukan upacara Panggih, dimana kembang mayang dibawa keluar
rumah dan diletakkan dipenyimpanan dekat rumah yang tujuannya untuk mengusir
roh jahat. Setelah itu pengantin perempuan yang bertemua dengan pengantin
laki-laki akan melanjutkan upacara dengan melakukan rangkaian kegiatan :
1. Balangan
Suruh, yaitu melempar daun sirih yang melambangkan cinta kasih akan
kestiaannya berdua.
2. Wiji
Dadi, mempelai laki-laki menginjak telor ayam hingga pecah, kemudian
mempelai perempuan membasahi kaki sang suami dengan air bunga. Proses seperti
ini melambangkan seorang suami dan ayah yang bertanggung jawab terhadap
keluarganya.
3. Pupuk,
Ibu mempelai perempuan mengusap mempelai mantu laki-laki sebagai pertanda
ikhlas menerimanya sebagai bagian dari keluarganya.
4. Sinduran,
artinya disini berjalan perlahan-lahan dengan menyampirkan kain sindur sebagai
tanda bahwa kedua mempelai sudah diterima sebagai keluarganya.
5. Timbang,
kedua mempelai di pangkuan bapak mempelai perempuan sebagai tanda kasih sayang
orang tua terhadap anak dan menantu sama besarnya.
6. Kacar-kucur,
yang dituangkan ke pangkuan perempuan sebagai simbol pemberian nafkah.
7. Dahar
Klimah, saling menyuapi satu sama lain yang melambangkan kedua mempelai
akan hidup bersama dalam susah maun senang.
8. Mertui,
orang tua mempelai perempuan menjemput orang tua mempelai laki-laki di depan
rumah untuk berjalan bersama menuju tempat upacara.
9. Sungkeman,
kedua mempelai memohon doa restu dari kedua orang tua.
Saraya Jati
:
Nuwun mangke
ta Bapa ……………………. (ingkang mengku gati) handadosaken kagyating manah kulo seneng
tampi dhawuh timbalan panjenengan anggenipun sakalangkung wanter. Wonten
paridamel punapa dene hamiji sowan kula sumangga keparenga paring pangandika
dhumateng kawula.
Hamengku
gati :
Adhimas
Saraya Jati, ing dalu kalenggahan punika kula katangisan anak kula estri pun
Rara …………………….. ingkang ing benjing-enjing siyang/dalu badhe nambu silaning
akrami, mugi antuka tumuruning Wahyu Jodho. Ingkang puniko, keparenga kawula
hangresaya dhumateng panjenengan mugi kersoa angupadi tumuruning Wahyu Jodho
ingkang awujud Sekar Mancawarna ugi sinebat Kembar Mayang, kinarya jangkeping
panggihing calon pinangantyan kekalih. Dene menawi sampun pikantuk mugi lajeng
kersoa hamboyong kaasta tumuju ing wisma pawiwahan.
Saraya Jati
:
Nuwun inggih
sendika ngestokaken dhawuh. Wonten ing pundi papan dunungipun Sekar Mancawarna
utawi Kembar Mayang punika.
Hamengku
Gati :
Miturut
wasita ingkang kula tampi, papan dunungipun Sekar Manawarna punika wonten ing
padhepokan …………………., kabawah wewengkon ……………………..
Saraya Jati
:
Nuwun inggih,
rehning sampun cetha lan trawaca dhawuh timbalan panjenengan, keparenga kawula
nyuwun pamit madal pasilan bidhal dinten punika daya-daya lebda ing karya.
Hamengku
Gati :
nDerekaken
raharjaning lampah, mugi rahayu boten wonten pringga bayaning marga.
Keterangan :
Bidhalipun Sang Saraya Jati saking pawiwahan, binarung ungeling Ketawang Tumadhah, laras pelog pathet nem.
Adegan II :
Ing padepokan ………………., Ki Jati Wasesa anengga Kembar Mayang, sinambi maos Sekar
Macapat Dandhanggula.
1. Kaki hamung nyai hamung sami
Kang sumulih nebus Kembar Mayang
Yekti minangka pepasrahan
Wiwit ing dinanipun
Kang wus dadi ndara sayekti
Kiwa tengen dinata
Kanan kirinipun
Temanten deniro lenggah
Amimbuhi ngenguwung cahya munari
Temanten sekalian
2. Kembar Mayang werdine wus muni
Kembar pada mayang iku kembang
Yekti dadi kudangane
Supaya atut runtut
Wiwit daup ngantos ing benjing
Rukun amanggih mulya
Ngantos darbe turun
Kakung putrid mung sumangga
Mrih sembada kahangkao naming kalih
Ambangun kulawarga
3. Pambanguning kulawarga yekti
Adoh angger iku perlokno
Pranyata gede gunane
Sandang pangan kecukup
Kawruh bakal mumpuni ngudi
Manggon ora suksukan
Kasarasan tuhu
Rama lan Ibu kang bakal
Gula wentah putra putrine sayekti
Hayu-hayuning bala
Sasampunipun
suwuk katungka dhatengipun Sang Saraya Jati, lajeng sami pangandikan
Saraya Jati
:
Kawula nuwun
Kyai, keparenga kula badhe sowan
Jati Wasesa
:
Mangga ………..
mangga kisanak, lajeng pinarak mlebet kemawon, mangga ta keparenga pinarak ing
palenggahan ingkan sampun sumadya.
Saraya Jati
:
Matur nuwun
sanget Kyai, sak derengipun nyuwun pangapunten, dene sowan kula sakadang boten
atur cecela langkung rumiyin
Wasesa Jati
:
Boten dados
punapa kisanak, semanten ugi kula inggih nyuwun pangapunten, mbok menawi anggen
kula nampi karawuhan panjenengan sakadang kirang subasita, jalaran inggih
naming kados mekaten kawontenanipun. Nuwun mangke ta kisanak, keparenga kula
hanila-krami, wingking saking pundi saha sinten asma panjenengan keraya-raya
rawuh ing padhepokan ngriki kisanak.
Saraya Jati
:
Nuwun inggih
Kyai, keparenga kula badhe nepangaken, kula sakadang wingking saking ……………………
(nyebtaken panggenanipun ingkang mengku gati), name kula pun Saraya Jati. Dene
wigatosipun sowan kula sakadang punika pinangka dados duta saraya saking
panjenenganipun Bapa/Ibu …………………………….. (ingkang mengku gati), saperlu hangupadi
tumuruning Wahyu Jodho ingkang sampun cinandhi wonten ing Kembar Mayang,
pinangka kangge sarat sarana anggenipun badhe kagungan kersa ngemah-emahaken
putra putrinipun sarta kangge hanjangkepi ing upacara panggihing sri temanten.
Punapa pancen ing ngriki dunungipun Kembar Mayang kala wau Kyai.
Jati Wasesa
:
Nuwun
inggih, saderengipun kula pratela dhumateng panjenengan ingkang rumiyin kula
ugi nepangaken, bilih ingkang kasdu hamestani kula pun Ki Jati Wasesa. Dene
padhepokan kula mriki winastan ………………… Pancen leren, inggih ing padhepokan
………………….. ngriki punika cumdhokipun Sekar Mancawarna ingkang sinebat Kembar
Mayang. Kayu Klepu Dewandaru, Cengkir Gadhing Kedhitipitu, punapadene Sadak
Lawe.
Saraya Jati
:
Manggih
keleresan Kyai, inggih puniko ingkang dipun kersakaken dening panjenenganipun
Bapa ……………….. (ingkang mengku gati). Ingkang punika mugi wontena keparenging
penggalih tumunten Kembar Mayang kaparingna dumateng kula. Dene menawi pengaji
pinten kerta ajinipun, menawi mawi leliru punapa lelirunipun, waton kula saged
hamboyong Kembar Mayang punika Kyai.
Jati Wasesa
:
Miturut
wawangsoning jagad, boten saged dipun tumbas kanthi punapa kemawon, naming sok
sintena ingkang saged anegesi naminipun Kembar Mayang kanthi jangkep saha trep,
inggih punika ingkang saged hamboyong wujudipun Kembar Mayang punika.
Saraya Jati
:
We lha
dalah, lha kok abot sangganipun Kyai, gandeng kula sampun sumanggem dados duta
ngrampungi, sanadyan kados pundi kemawon badhe kula leksanani. Nyuwun pangestu Kyai
Kembar Mayang, Klepu Dewandharu, Cengkir Gadhing Kendhitpitu, Sadak Lawe. Kembar
Mayang tembung Kembar punika tegesipun padha.
Tembung Mayang punika tegesipun Nur utawi Cahya,
wonten ingkang mestani Kembang Jambe. Kembar Mayang punika mujudaken blegering
kakung lan putrid. Kakung lan putri punika satemenipun sami, dene ingkang benten
wadhahipun. Dene Nur utawi Cahya kalawau lenggahipun wonten ing rasa jati,
ingkang dipun westani Urip utawi gesangipun. Tiyang jejodhohan punika menawi
kepingin langgeng kekalihipun kedah saged manunggalaken rasanipun. Inggih
manungaling rasa jati punika ingkang saged hambabar katentreman sarta saged
hanggelar pakarti luhur. Inggih punika ingkang winastan garwa utawi sigaraning
nyawa winastan kembar rasane.
Kayu Klepu,
Dewandharu ;
Kayu-kayun, klepu-klepeng. Dewa titah ingkang luhur. Daru darajating agesang,
dados loro-lorone ngatunggal sampun sagolong gayut darajating agesang.
Cengkir
Gadhing Kendhipitu ; Cengkir
kencenging piker, gadhing gadhang, kendhi pitu, pangiket ingkang kiat sanget.
Dados ringkesipun loro-lorone atunggal samya angiket raos katresnan.
Sadak Lawe; Biyen sanak saiki dadi jodhone
Kyai, gaduk
kula naming semanten, dene leres lan lepatipun kawula sumanggaken
Jati Wasesa
:
Sang Saraya
Jati, sarikma pinara sasra, kula boten nyana bilih panjenengan ingkang saged
anegesi kanti trep lan jangkep, mbok menawi inggih sampun dados kodrating
jagad, bilih panjenengan ingkang kawawa hamboyong Kambar Mayang punika. Namung
kajawi punika wonten sarat sarananipun, Sepisan, pamboyonging Kembar Mayang
kaemban jejaka kalih, Kaping kalih, Cengkir gadhing sak pirantosipun kaasta
Kenya Dhomas. Kaping tiga, lampahing Kembar Mayang kabiwadha gendhing Ilir-ilir
Sumilir. Wondene kang wekasan, murih boten alum pradapa Sekar Mancawarna,
supados dipun saranani mawi rengeng-rengeng kekidungan boten ketang satunggal kalih
pada.
Saraya Jati
:
Nuwun inggih
Kyai, badhe kula estokaken sadaya sarat sarananipun, wondene rengeng-rengeng
kekidungan sanadyan hamung sapala, sumangga keparenga midhangetaken.
Pangkur :
Yektine kang winurseta,
Kembang Kanthil lambanging ati suci,
Suci murni tresnanipun,
tansah manunggal karsa,
Sri temanten nggennya mangun brayatipun,
tulusa widodo mulya,
linambaran tresna jati.
Kinanthi :
Dhuh Gusti Ywang Maha Agung,
mugi kersa hamberkahi,
mring temanten kekalihnya,
nggennya mangun brayat sami,
bagya mulya kang sinedya,
rahayu ingkang pinanggih.
Kyai, kalih
pada punika kewala atur kekidungan kula, mangka jangkeping sarana pamboyonging
Sekar Mancawarna. Kiranging sadayanipun, ingkang boten dados renaming
penggalih, mugi diagung pangaksamanipun.
Jati Wasasa
:
Sang Saraya
Jati, saking keprananing manah kula, wekdal punika ugi Kembar Mayang kula
pasarahaken, sumangga tumunten kula aturi hanampi.
Saraya Jati
:
Kyai,
rehning sampun cekap samudayanipun, keparenga kawula nyuwun pamit madal
pasilan, lan nyuwun pangestu mugi tansah manggiha bagya mulya salampah kula.
Jati Wasesa
:
Sang Saraya
Jati, sapengker panjenengan kula pranggal puja sesanti jaya-jaya wijayanti,
sirna memala pinayungan sahing Gusti, hayu-hayu rahayu ingkang sami pinanggih.
Gendhing
Ilir-ilir Sumilir, Sang Saraya Jati sakadang hamboyong Kembar Mayang
Adegan III :
Ingkang Hamengku Gati hanampi rawuhipun Sang Saraya Jati sakadang angasta
Kembar Mayang, lajeng sami pangandikan.
Saraya Jati
:
Kepareng
matur dhumateng Bapa ………………………. (ingkang mengku gati), inggih awit saking
berkah saha pangestu panjenengan, kula sampun kelampahan hamboyong wujudipun
Kembar Mayang, ingkang punika sumangga kula aturi nampi, mugi sageda kinarya
sarana dhaupipun ingkang putra.
Hamengku
Jati :
Adhimas
Saraya Jati, kula tampi kanthi bingahing manah, lan awit saking sih pitulungan
panjenengan, kula sakulawarga naming saged hangaturaken gunging panuwun tanpa
upami. Nuwun, matur nuwun.
Penutup : Gendhing Ayak-ayakan, laras slendro pathet manyura, para paraga tangkep
asta, lajeng bibaran.
Menawi
ngersakaken saged diunduh wonten file PDF :
Para lenggah
kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, keparenga sedya temanten
sarimbit badhe jengkar saking sasana rinengga, arsa kinirapaken wonten
ngarsaning para tamu, tumunten manjing sasana busana, saperlu rucat busana
kananredran, santun busana kasatriyan. Tataning kirab sinanggit ing ngarsa sung
tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kados-kados sampun samekta
ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, menggah kaleksananing
sedya kawula sumanggakaken dhumateng para ingkang piniji. Jengkaring Sang Suba
Manggala lamun cinandra kawistara piyaking ngarsa tangkep ing wuri ( Gending Ayak-ayakan laras pelog pathet barang), utawi binarung rerepan Sekar Pangkur
Gedhong Kuning, laras pelog pathet barang. Wondene jengkaring temanten sarimbit
saking sasana wiwaha tumuju sasana busana binarung ungeling Ketawang Langengita Srinarendra, laras pelog pathet
barang.
Rerepan
Sekar Pangkur Gedhong Kuning.
- Singgah singgah kala singgah
- pansuminggah durga kala
sumingkir
- singa hama singa wulu
- lan suku sing asirah
- singa tenggak miwah kala singa
buntut
- padha sira suminggaha
- muliha ing asal neki
Satelasipun
rerepan Pangkur meniko, kalajengaken Ayak-ayakan, laras pelog pathet barang.
Para rawuh
saha para lenggah wonten ganda sumerbak arum katiyubing samirana manda, sung
sasmita bilih putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun pari
purna keparenga sedya humarak sowan malih wonten ngarsa panjenengan sadaya,
kaladuking atur winastan kirab kasatriyan, hambok bilih sampun samekta ing gati
sawega ing dhiri, kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang paniji, kiraping
putra temanten binarung ungeling ketawang Subakastawa, sumngga nun nuwun.
Kapundhut
saking Buku Tuladha Jangkep kagem Para Panata Adicara
Tembang jawa
mocopat wonten 11 (sewelas) cacahe, kang gambarake jejering manungsa awit
wonten garbane ibu ngantos kapundut ing ngarsane kang Maha Kuwaos, nggih meniko
:
Tembang jawa
mocopat dapat digolongkankan menjadi 11 tembang, yang menggambarkan jalannya
kehidupan manusia sejak didalam kandungan ibunda sampai meninggalnya untuk
menghadap Yang Maha Kuasa, yaitu :
1. Maskumambang,
gambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibu, sing durung kawruhan lanang
apa wadon. Mas tegese durung weruh lanang dan wadon. Kumambang tegese uripe
ngambang nyang kandhutane ibune.
Melambangkan
embrio yang masih dalam kandungan ibunya, yang belum diketahui laki atau
perempuan. Mas, artinya belum diketahui laki atau perempuan, sedangkan
Kumambang, artinya hidupnya masih dialam kandungan ibundanya.
2. Mijil,
ateges wis lahir jabang bayine wujud lanang apa wadon
Artinya
sudah lahir didunia jenis kelamin laki atau perempuan.
3. Kinanthi,
saha tembung kanthi utawa tuntun, kang ateges dituntun supaya bisa mlaku
ngambah panguripan alam ndonya.
Berasal dari
kata kanthi atau menuntun, yang artinya dituntun supaya dapat berjalan didunia
ini.
4. Sinom,
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya
bisa ngansu kawruh sak akeh-akehe.
Artinya
pemuda/remaja, disini yang terpenting bagi remaja agar bisa menuntut ilmu yang
setinggi-tingginya.
5. Asmaradana,
tegese rasa tresna, tresna marang liyan (pria lan wanita) kang kabeh mau wis
dadi kodrat Illahi.
Artinya
mempunyai rasa cinta kasih kepada sesamanya baik itu pria maupun wanita, karena
semua itu sudah merupakan kehendak/kodrat Yang Maha Kuasa.
6. Gambuh,
saka tembung jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake
antarane pria lan wanita sing pada nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah
supaya bisaa urip bebrayan.
Berasal dari
kata nyambung/sesuai yang artinya kalau sudah pas selanjutnya dijodohkan antara
pria dan wanita yang sudah saling mencintai, dengan harapan dapat menjalin
kehidupan yang langgeng.
7. Dandanggula,
nggambarake wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon
nduwe sisihan/keluarga, duwe omah, urip cukup kanggo sakkeluargane. Mula kuwi
wong kang lagi bungah/bombong atine bisa diarani lagu dandanggula.
Menggambarkan
seseorang yang berbahagia, apa yang dicita-citakan dapat terlaksana. Terlaksana
mempunyai pasangan, mempunyai rumah, kehidupan yang kecukupan untuk
keluarganya. Makanya seseorang yang sedang menemukan kebahagiaan dapat
dikarakankan ibaratn lagunya dandanggula.
8. Durma,
saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumongso kacukupan uripe banjur tuwuh
rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula
banjur tuwuh rasa kepingin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau
disekunyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
Berasal dari
kata pemberi. Seseorang yang merasa kecukupan hidupnya kemudian tergugah rasa
kasihan kepada sanak saudara yang sedang menderita, makanya tergugah ingin
membantu dan memberi pertolongan kepada siapa saja. Semua itu diberikan
pertolongan sesuai ajaran agama dan rasa sosialnya kepada sesama.
9. Pangkur,
saka tembung mungkur kang ateges, nyingkiri hawa nepsu angkara murka, kang
dipikir tansah kepingin weweh sapadha-padha.
Berasal dari
kata meninggalkan yang artinya menghindari hawa nafsu yang angkara murka, semua
yang dipikirkan senantiasa berkeinginan membantu kepada sesamanya.
10. Megatruh,
saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wncine
katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuasa.
Berasal dari
kata lepas rohnya atau mati, karena sudah saatnya dipanggil menghadap kepada
Yang Maha Kuasa.
11. Pucung,
yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge
dikubur.
Kalau sudah
menjadi bangkai kemudian dibungkus dengan kain putih atau dipocong sebelum
dikebumikan.
Makna dan
arti dari pada setiap syair dan lirik tembang jawa itu pada dasarnya mempunyai
pengertian dan kandungan yang sangat mendalam. Kalau kita kaji secara mendalam
mengandung ajaran ataupun falsafah bagi kehidupan kita semua. Coba kita simak
tembang dandanggula ini :
- sakehing kan dumadi makardi
- lir Hyang Widhi kan tansah
makarya
- nguribi jagad tan leren
- surya, candra lan bayu, bhumi,
tirta kalawan agni
- peparing panguripan
- mring pamrih wus mungkur
- anane nuhoni dharma
- iku dadya sastra cetha tanpa
tulis
- nulat lakuning alam
Artinya
kurang lebih :
- semua yang ada ini berkerja
- bahkan Tuhan pun bekerja
- menghidupi dunia ini tanpa
henti
- matahari, bulan, angin, bumi,
air dan api
- semua bekerja demi kelangsungan
hidup tanpa pamrih
- dasarnya hanyalah merasa wajib
- alam adalah “ilmu nyata”
- kita wajib meniru dharmanya
·
Wahyaning mangsa kala wus ndungkap paripurnaning
adicara jumbuh kaliyan urut reroncening adicara purwa, madya, wasana sampun
kalampahan kaleksanan dening kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir
ing sambekala.
·
Minangka pratandha paripurnaning adicara,
kasuwun panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………………….., keparenga hanjengkaraken
putra temanten sarimbit, tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, ingkang saperlu
anguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi
mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing siyang/dalu puniko sampun paripurna,
sinartan sesanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayu ingkang samya ginayuh.
Jengkaring putra temanten sarimbit sinawang gegleyongan lampahe ( Binarung :
Ldr. Gleyong laras pelog pathet nem
·
Sampun paripurna pahargyan prasaja ing
siyang/dalu punika, lumantar pangendhaliwara sepindhah malih panjenenganipun
Bapa/Ibu ………………………, ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun
hanampi menggah karawuhan panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten
anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, miwah suguh ingkang
kirang lawuh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati, nyuwun lumunturing sih
samodra pangaksami.
·
Semanten ugi kula minangka pangendhaliwara,
hambok bilih wonten gonyak-ganyuking wicara, cawuh kliruning basa, kisruhing
paramasastra, miwah kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tata krama,
jenang sela wader kali sesondheran, apuranen menawi lepat atur kawula.
Sepindhah malih tahu kecap Purwasari, menawi wonten keladuking patrap lan
pangucap nyuwun pangaksami.
·
Matur nuwun, mboten langkung kawula
handherekaken sugeng kondur, mugi wilujeng dumugi ing ndalem.
·
Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Table of Contents
Hi brides & grooms to be, lagi cari gedung utk acara pernikahan di Kota Bandung? Gedung HIS Balai Sartika Convention Hall bisa jadi pilihan kamu loh karena sekarang udh full carpet & lampu chandelier. Selain itu HIS Balai Sartika Convention Hall juga menyediakan paket pernikahan yang fleksibel dan pilihan vendornya ada banyak banget, bisa pilih sesuai keinginan kamu. Ohya, sekarang lagi ada promo menarik juga loh yaitu CASHBACK dan HONEYMOON PACKAGE! Untuk informasi lengkapnya, hubungin aja Tresna (+6281312214233), FREE KONSULTASI!!
BalasHapus