Kedadéan iki rada béda karo basa ‘alay’ sing umum ing Basa Indonésia. Ing basa ‘alay’ iku, tulisan sengaja dirusak, sengaja digawé bèn kétok anèh nganggo aksara-aksara sing ora trep kathi pangajab bèn katon ‘gaul’. Menawa babagan keklèron nulis basa Jawa, akèh sing padha ora ngerti utawa ora sengaja yèn nulisé salah.
Kahanan sing paling umum yaiku nulis aksara ‘a’ nganggo aksara ‘o’. Kayadéné ing tembung ‘mangga’ sing dutilis ‘monggo’ utawa ‘lara’ (sakit) ditulis ‘loro’.
Kahanan keklèron liyané yaiku:
Nulis ‘i’ nganggo aksara ‘e’ kaya ing tembung: ‘cilik’ ditulis ‘cilek’ utawa ‘uwis’ ditulis ‘uwes’. Nulis ‘u’ nganggo aksara ‘o’: ‘mabur’ ditulis ‘mabor’ utawa ‘alun-alun’ (lapangan) ditulis ‘alon-alon’. Nulis ‘dh’ nganggo aksara ‘d’ kaya ing tembung: ‘mudhun’ ditulis ‘mudun’ utawa ‘ngandhut’ ditulis ‘ngandut’. Lan akeh banget liyané.
Yèn dideleng ing èlmu ‘phonology’ utawa èlmu pangocap, basa jawa iku paling ora duwé rongpuluh konsonan persis karo aksara hanacaraka, uga duwé pangocap (vokal) cacahé wolu kang ditulis kanthi manéka cara gumantung tatanan aksarané ing tembung kuwi kepiyé. Bab iki, yaiku pangocap sing sok béda karo panulisané iki sing gawé bingung lan marahi salah panulisan. Menawa konsonan mèh kabèh ora padha bingung amarga pocapan karo tulisan ora béda, mung aksara ‘dh’ utawa ‘th’ waé sing isih padha bingung, amarga pancèn ora ana sing ngene iki ing basa liyané ing nuswantara.
Pangocap sing cacahé wolu iku menawa dirangkum dadi kaya ngéné: (tulisan nganggo IPA)
Pangocap | Panulisan | Tuladha |
---|---|---|
ə | e | Peteng, Bareng |
e | i, é | Sugih, édan, Duwé, Cilik, Kancil, Nulis |
ɛ | è | Dhèmpèt, Suwèk |
o | o, u | Bojo, Jero, Matur, Surjan |
ɒ | o, a | Beda, Rasa, Jeron, Temon, Kanca |
a | a | Bali, Nadyan, Kekancan |
u | u | Buku, Jalu |
i | i | Arti, Lagi |
Aku dhéwé alhamdulillah isa maca lan nulis jawa kanthi (muga-muga) bener amarga biyèn jaman cilik kerep maca majalah ‘Djaka Lodang’. Pancen beciké kawit cilik anak putuné awaké dhéwé wis dikon maca tulisan sing bener. Nanging kahanan wis kaya ngéné, awaké dhéwé uga anak putuné dhéwé isa-isa agawé bubrah tatanan basa Jawa jalaran akèh tulisan sing ora bener. Sumangga awaké dhéwé mèlu nguri-uri basa Jawa kanthi nulis sing bener. Saya akèh tulisan sing bener, saya apik amarga wong-wong banjur biyasa maca sing bener.
Salah sawijining cara kanggo nguri-uri basa kang bener yaiku nerjemahké WordPress. WordPress mono salah sawijining piranti nulis kang paling populèr saiki. Cara iki muga-muga ndadèkna awaké dhéwé uga anak putu isa maca kang bener.
Ananging ana sing wigati yaiku nèng kono akèh tembung utawa ukara sing wis diterjemahké kanthi ora bener. Padhal yén miturutkku luwih becik ora diterjemahké tinimbang nerjemahké nanging salah. Yèn nerjemahké nanging salah padha waé awaké dhéwé wis mblasukké wong liya. Ora perlu kakèhan nyalahké, sing baku saiki awaké dhéwé kudu mbiyantu nerjemahké WordPress sakdurungé versi 3.1 metu karebèn kabèh isa ngerti piyé panulisan sing bener. Babagan surasa rasah di gatékké dhisik, sing penting panulisané sing bener. Suk saya suwé dipikirké surasa sing luwih becik.
Ing kono akèh-akèhé keklèron yaiku ‘isa’ ditulis ‘iso’ ,’ana’ ditulis ‘ono’ lan sapanunggalané.
Kanthi iki muga-maga basa Jawa tansah langgeng.
Asslam...
BalasHapusSugeng rahayu, mewayu hayuning bawono..
Salam Kenal, saking dusun http://peting-kradenan.blogspot.com
Wassalam......
HapusRahayu hayuning bawono...
Mugi tetepungan kito tansah langgeng.
Mugi Rahayu tetepungan kita
Hapus