Salamat datang

Selamat datang di Blog --Coretan Suryo -- Desa Sambongbangi *Kecamatan Kradenan *Kabupaten Grobogan *Jawa Tengah *Indonesia

BERANDA

Blog ini dimaksudkan untuk dapat menjadi sarana silaturahmi bagi warga desa Sambongbangi kecamatan Kradenan, sehingga kami mohon bagi anda yang berkunjung di blog ini untuk dapat meninggalkan komentar disini. blog ini diharapkan juga mampu memberikan sedikit sumbangsih kepada pemerintah desa Sambongbangi kecamatan Kradenan untuk dapat lebih memperkenalkan bermacam potensi, berbagai peluang dan aneka ide yang mungkin bisa didapatkan di desa Sambongbangi kecamatan Kradenan.blog ini di fokuskan berisi tentang segala sesuatu yang ada, dengan artikel tentang Kab.Grobogan dan komputer sebagai pelengkap dan pemanis blog ini.Sambongbangi terdiri dari dataran rendah dengan ketinggian rata-rata 70 meter di atas permukaan laut.Perbatasan desa sambongbangi:Di sebelah barat berbatasan dengan Desa Banjardowo dan berdiri bangunan SMPN 3 kradenan yang tepatnya berada di dusun Belungkulon, Di sebelah utara berbatasan dengan desa sengonwetan dan membentang sungai Kedong Macan sepanjang ±35 km, yang menjadi tempat sumber kehidupan . Di sebelah selatan dan timur berbatasan dengan Dukuh Banjarbanggi & Dukuh Cangkring,Secara geologis, seluruh dataran terdiri dari endapan pleistocene yang terdapat pada ±50 m di bawah permukaan tanah. Bagian selatan terdiri atas lapisan alluvial, sedang dataran rendah pantai merentang ke bagian pedalaman sekitar 10 km. Di bawahnya terdapat lapisan endapan yang lebih tua yang tidak tampak pada permukaan tanah karena tertimbun seluruhnya oleh endapan alluvium. Di wilayah bagian utara baru terdapat pada kedalaman 10-25 m, makin ke selatan permukaan keras semakin dangkal 8-15 m. Pada bagian tertentu juga terdapat lapisan permukaan tanah yang keras dengan kedalaman 40 m. Keadaan Desa Sambongbangi umumnya beriklim panas dengan suhu udara maksimum berkisar 32,7 °C - 34,°C pada siang hari, dan suhu udara minimum berkisar 23,8 °C -25,4 °C pada malam hari. Rata-rata curah hujan sepanjang tahun 237,96 mm, selama periode 2002-2006 curah hujan terendah sebesar 122,0 mm terjadi pada tahun 2002 dan tertinggi sebesar 267,4 mm terjadi pada tahun 2005, dengan tingkat kelembaban udara mencapai 73,0 - 78,0 persen dan kecepatan angin rata-rata mencapai 2,2 m/detik - 2,5 m/detik

Entri

Kamis, 18 Oktober 2012

KAWERUH JAWI

 
 
Sugeng Rawuh!
Sugeng Rawuh Wonten ing Wikipédia basa Jawi  
Kawulo tiyang sudra ingkang gadhah pepenginan Nguri-uri adat lan Budi Pekerti Jawi ingkang sanget adiluhung. Amargi sampun kathah tiyang ingkang ninggalaken adat ketimuran meniko, sampun kagerus Modernisasi saking negoro monco satemah kathah tiyang sampun lali kaliyan toto-kromo,lan adat istiadat ingkang luhur.
Kami Seorang sudra yang menpunyai keinginan untuk memelihara adat dan budi pekerti jawa yang sangat luhur . Karena sudah banyak manusia yang meninggalkan adat ketimuran, yang telah tergerus oleh arus modernisasi dari manca negara, sehingga banyak yang telah lupa akan tata krama dan istiadat yang luhur
Tepungaken Kawulo tiyang ndusun  Jejuluk "Suryo Sutono Hartoprawiro" Dusun Belungkulon Desa Sambongbangi Kecamatan Kradenan Kabupaten Grobogan Jawa Tengah.
Sanadyan Basa Jawa ora ditinggalaké karo wong Jawa, ananging babagan nulis Jawa nganggo aksara latin akèh sing ora bener. Kedadéan iki wis umum banget anané, apa manèh ing jaman internèt saiki kabèh wong isa nulis sakgelemé dhéwé sing uga banjur diwaca wong akèh. Klèruning panulisan iki tambah ngambra-ambra, gandhèng sing maca ya mesthiné banjur mèlu-mèlu klèru anggoné nulis.
Kedadéan iki rada béda karo basa ‘alay’ sing umum ing Basa Indonésia. Ing basa ‘alay’ iku, tulisan sengaja dirusak, sengaja digawé bèn kétok anèh nganggo aksara-aksara sing ora trep kathi pangajab bèn katon ‘gaul’. Menawa babagan keklèron nulis basa Jawa, akèh sing padha ora ngerti utawa ora sengaja yèn nulisé salah.
Kahanan sing paling umum yaiku nulis aksara ‘a’ nganggo aksara ‘o’. Kayadéné ing tembung ‘mangga’ sing dutilis ‘monggo’ utawa ‘lara’ (sakit) ditulis ‘loro’.
Kahanan keklèron liyané yaiku:
Nulis ‘i’ nganggo aksara ‘e’ kaya ing tembung: ‘cilik’ ditulis ‘cilek’ utawa ‘uwis’ ditulis ‘uwes’. Nulis ‘u’ nganggo aksara ‘o’: ‘mabur’ ditulis ‘mabor’ utawa ‘alun-alun’ (lapangan) ditulis ‘alon-alon’. Nulis ‘dh’ nganggo aksara ‘d’ kaya ing tembung: ‘mudhun’ ditulis ‘mudun’ utawa ‘ngandhut’ ditulis ‘ngandut’. Lan akeh banget liyané.

Neng kene ora oleh banter-banter.
Yèn dideleng ing èlmu ‘phonology’ utawa èlmu pangocap, basa jawa iku paling ora duwé rongpuluh konsonan persis karo aksara hanacaraka, uga duwé pangocap (vokal) cacahé wolu kang ditulis kanthi manéka cara gumantung tatanan aksarané ing tembung kuwi kepiyé. Bab iki, yaiku pangocap sing sok béda karo panulisané iki sing gawé bingung lan marahi salah panulisan. Menawa konsonan mèh kabèh ora padha  bingung amarga pocapan karo tulisan ora béda, mung aksara ‘dh’ utawa ‘th’ waé sing isih padha bingung, amarga pancèn ora ana sing ngene iki ing basa liyané ing nuswantara.
Pangocap sing cacahé wolu iku menawa dirangkum dadi kaya ngéné: (tulisan nganggo IPA)
Pangocap Panulisan Tuladha
ə e Peteng, Bareng
e i, é Sugih, édan, Duwé, Cilik, Kancil, Nulis
ɛ è Dhèmpèt, Suwèk
o o, u Bojo, Jero, Matur, Surjan
ɒ o, a Beda, Rasa, Jeron, Temon, Kanca
a a Bali, Nadyan, Kekancan
u u Buku, Jalu
i i Arti, Lagi
Pangocap karo panulisan sing béda iki sing marahi bingung akèh wong.
Aku dhéwé alhamdulillah isa maca lan nulis jawa kanthi (muga-muga) bener amarga biyèn jaman cilik kerep maca majalah ‘Djaka Lodang’. Pancen beciké kawit cilik anak putuné awaké dhéwé wis dikon maca tulisan sing bener. Nanging kahanan wis kaya ngéné, awaké dhéwé uga anak putuné dhéwé isa-isa agawé bubrah tatanan basa Jawa jalaran akèh tulisan sing ora bener. Sumangga awaké dhéwé mèlu nguri-uri basa Jawa kanthi nulis sing bener. Saya akèh tulisan sing bener, saya apik amarga wong-wong banjur biyasa maca sing bener.
Salah sawijining cara kanggo nguri-uri basa kang bener yaiku nerjemahké WordPress. WordPress mono salah sawijining piranti nulis kang paling populèr saiki. Cara iki muga-muga ndadèkna awaké dhéwé uga anak putu isa maca kang bener.

Ananging ana sing wigati yaiku nèng kono akèh tembung utawa ukara sing wis diterjemahké kanthi ora bener. Padhal yén miturutkku luwih becik ora diterjemahké tinimbang nerjemahké nanging salah. Yèn nerjemahké nanging salah padha waé awaké dhéwé wis mblasukké wong liya. Ora perlu kakèhan nyalahké, sing baku saiki awaké dhéwé kudu mbiyantu nerjemahké WordPress sakdurungé versi 3.1 metu karebèn kabèh isa ngerti piyé panulisan sing bener. Babagan surasa rasah di gatékké dhisik, sing penting panulisané sing bener. Suk saya suwé dipikirké surasa sing luwih becik.
Ing kono akèh-akèhé keklèron yaiku ‘isa’ ditulis ‘iso’ ,’ana’ ditulis ‘ono’ lan sapanunggalané.
Kanthi iki muga-maga basa Jawa tansah langgeng.

3 komentar:

  1. Asslam...
    Sugeng rahayu, mewayu hayuning bawono..

    Salam Kenal, saking dusun http://peting-kradenan.blogspot.com

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wassalam......
      Rahayu hayuning bawono...
      Mugi tetepungan kito tansah langgeng.

      Hapus
    2. Mugi Rahayu tetepungan kita

      Hapus